Pages

Search Songs

Tuesday, December 6, 2011

Mendem Wedok'an - Paijo, Yati Pesek

mBok'e……
aku njaluk dikawinke
Karo sopo to le ...
Sing penting ono nyawane

Simbok Simbok wetengku luwe
Ono ketan, aku tukokno
Simbok Simbok aku wis gede
Ono prawan coba takokno

Thole thole ketane abang
Dicampuri klopo parutan
Thole thole rabine gampang
Paling penting golek gawean

Aduh Simbok penting kawinan
Aku iki wis mendem wedokan
Aduh simbok ra iso turu
Awan bengi
Pengin 3x… ketemu

Ora gampang wong bebojoan
Kudu bisa golek sandang pangan
Yen mung nuruti mendemmu
Opo bojo kok pakani watu

Yen mengkono mBok
Aku tak nyambut gawe
Golek duwit kanggo nikahan

Iyo thole, dongane mBoke:
Moga wae biso kaleksanan

Download From Youtube :
http://www.youtube.com/watch?feature=player_embedded&v=6oJy66ILJtk

2 comments: